KAPAL PATROLI NJEBLUG
Para pamiyarsa, ngaturaken wilujeng ing dalu menika. Pinanggih malih kaliyan kita, Farah Nadia Karima kaliyan Marlita Pramuharti ing pawartabasa Jawi ing dalu punika. Pawarta kagiyaraken lumantar Radhio Emo Lumpat Programa 4 Boyolali.
Kapal patroli duweke kantor Bea Cukai Belawan, Medan kanthi nomer lambung BC-15001 njeblug ing pesisir Labu,Deli Serdang, Jemuah (15/7) bengi. 7 saka 9 petugas sing lagi ngayahi jejibahan patroli tiwas padha sakala.
Sawantara jam candhake, nalika salah sijine anak buwah kapal nedya nguripake genset kanggo mbacutake patroli, ujug-ujug kapal kasebut njeblug banjur kerem menyang dhasaring segara. Direktur Jendral Bea Cukai, Agung Kuswandono masthekake, njebluge kapal patroli mau murni merga kacilakan wektu gensete arep diuripake. Agung nambahake, para petugas sing dadi korban kuwi pinuju nindakake patroli rutin kanggo ngawekani penyelundupan barang liwat jalur segara.
Para pamiyarsa, mekaten pawarta basa Jawi ingkang saget kita aturaken ing dalu punika, mugi wilujeng ingkang sami pinanggih. Nuwun
(Panjebar Semangat Edisi 31 tanggal 30 Juli 2011)
Saat Yang Terindah~Wayang~
14 tahun yang lalu
2 komentar:
makasih membantu
makasi telah membantuku mengerjakan tugas
Posting Komentar